Cerita cekak utawi ingkang asring
kacekak ‘cerkak’, punika salah setunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cerkak
inggih punika ringke saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken
kaliyan wohing kasusastran fiksi ingkang langkung panjang, kados dene Novella
(kanthi teges modhern) saha novel. Amargi cekakipun cerkak-cerkak ingkang
sukses ngendelaken teknik-teknik sastra kados dene tokoh, plot, tema, basa saha
insight kanthi langkung wiyar
tinimbang karya fiksi ingkang langkung panjang.
Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik inggih punika unsur
ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak.
1. Tema inggih punika
underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken undering cariyos.
2. Latar (setting) inggih punika
panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebeting cerkak. Latar punika
kaperang dados tiga, yaiku latar
papan, latar wekdal, lan latar kawontenan.
3.
Alur (plot) inggih punika reroncening kadadosan ingkang wonten ing
salebeting cariyos. Alur kaperang dados tiga, inggih punika:
a. Alur maju : reroncening kedadosan ingkang urutanipun manut
kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun
tansah lumampah majeng.
b. Alur mundur : reroncening kedadosan ingkang urutan kadadosanipun boten
miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyosipun ingkang lampahipun mundur.
c. Alur campuran : campuran antawisipun alur maju kalian alur
mundur.
4. Watak inggih punika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga
ingkang wonten ing cariyos.
5. Nilai (amanat)/ piwulang luhur inggih punika piweling ingkang badhe kaaturaken dening
panganggit lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng
soksintena ingkang purun maos cariyos dening penyerat.
6. Cara penyerat
nyariosaken (sudut pandang / point of view) inggih punika kalenggahanipun
penyerat rikala nyariyosaken.
a. Minangka tiyang ingkang kapisan, penyerat ndherek minangka
paraga ing cariyos ingkang kacariyosaken.
b. Minangka tiyang ingkang katiga, panyerat minangka dhalang ing
cariyosipun.
7. Gaya bahasa / lelewaning
basa.
Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik inggih punika unsure-unsur
ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos, ananging gadhah pangaribawa
ingkang boten langsung ing cariyos punika.
1. Nilai-nilai ing salebetipun cariyos (agami, budaya, politik,
ekonomi)
2. Latar belakang gesangipun pangganggit.
3. Kahanan sosial rikala cariyos punika dipundamel.
Kucung Ora Gelem Sekolah
Sawijining
dina, ana mbok randha kang duwe anak cilik kelas 2 SD arane Bejo. Ing dina
Senen awan sawise Bejo mulih saka sekolah, katon rambute pating cowek gara-gara
dicukur gurune ana ing sekolahan amarga rambute Bejo gondrong, wis nutupi
kupinge.
Sawise teka ngomah, Bejo katon sedhih. Amarga ing sekolahan padha diguyu kanca-kancane. Bareng mbokne Bejo weruh rambute anake pating cowek, banjur nimbali Bejo, “kowe kok katon sedhih lan rambutmu kaya mangkono ki geneya ta Le,” takone Simbok marang Bejo.
Bejo ora semaur karo pitakone Simbok. “Ndang maem, mengko Simbok cukurne menyang nggone Mas Kancil,” ngendikane Simbok menyang Bejo, supaya ora katon sedhih maneh. Sinambi maem Bejo ngomong menyang Simbokne, dheweke kepengin cukur model kipli supaya bisa padha karo kanca-kancane.
“Ya Le, Simbok nyarah karo kowe,” jawabe Simbok menyang Bejo.
Sabubare mangan, Bejo lan Simbok mangkat menyang nggone Mas Kancil kang mapane rada adoh saka omahe Bejo. Ndilalah tekan nggone, antrine akeh banget. Nalika ngenteni giliran, Bejo keturon ing pangkone mbokne. Bareng tekan gilirane, Bejo isih turu. Setengahe isih turu, Bejo banjur dicukur karo dipangku mbokne.
“Bejo dicukur model piye Mbok?” takone Mas Kancil menyang Simbok.
Wangsule Simbok, “Nyarah Mas, sing penting ora pating cowek kaya ngene iki. Penting rapi wae Mas,” sambunge Simbok karo ngelus-elus sirahe Bejo sing pating cowek.
“Rambute Bejo kok kaya ngene Mbok, kena apa iki?” takone Mas Kancil karo mesem.
“Dicukur gurune ing sekolahan,” jawabe Simbok. Mas Kancil anyak nyukur rambute Bejo. Bareng Simbokne ngadeg saka kursi sing kanggo cukur, Bejo nglilir lan ngelus-elus sirahe sing wis ora gondrong maneh. Bareng Bejo ngaca ing kacane Mas Kancil, Bejo mbengok banter amarga nyawang cukurane kang ora padha karo sing dikarepake Bejo. Wong sing padha antri arep cukur padha kaget krungu jeritane Bejo. Bejo banjur nangis ora ketulungan, karo ngakon Mas Kancil mbalekake rambute maneh.
Sawise mbayar ongkos cukur, Bejo digendhong mulih mboke. Neng dalan, Bejo tetep nangis kekejer. Simbokne banjur ngandhani Bejo supaya ora nangis terus. Amarga ana ing dalan saben wong sing ngerti Bejo nangis mesthi takon kena apa Bejo kok nangis. Salah sawijine pawongan tuwa, sing takon marang Simbokne Bejo. “Kena ngapa ta Dhe, Bejo kok nangis kekejer ki? ” Karo mesem Simbok mangsuli, “Iki lho Mbah rambute sing gondrong kae ilang.”
“Meneng-meneng Le, malih bagus rambute sing gondrong kae dicukur. Rene mampir dakwenehi gethuk,” sambunge Mbah Karto, tanggane Bejo. Nanging Bejo ora nggagas, gur gela-gelo ana ing gendhongane Simbokne karo nangis.
Satekane omah, Bejo langsung uwal saka gendhongane Simbok, nesu mapan turu. Sabubare tangi turu Bejo linggih ana ing kursi ngarep omah sinambi ngalamun lan ngelus-elus rambute sing kuncung. Simbokne banjur nyedhaki Bejo. Sawise Simbok linggih ana jejere Bejo, Bejo banjur ngomong menyang Simbok, manawa dheweke sesuk ora gelem mlebu sekolah, amarga Bejo isin manawa diisin-isin kancane ing sekolahan. Krungu Bejo ngomong koyo mangkono Simbok kaget. Gara-gara olehe cukur ora kebeneran wae anake ora gelem sekolah. Simbok banjur ngandhani Bejo supaya gelem sekolah, nanging wis dikandhani Simbok, tetep wae Bejo ora gelem sekolah.
Ing wayah esuk kancane padha mangkat sekolah liwat ngarep omahe Bejo. Simbok banjur nyedhaki Bejo ngakon supaya gelem mangkat sekolah. Nanging Bejo malah krubutan kemul ora nggagas guneme Simbokne.
Sawetara ora mlebu sekolah telung dina, Bejo diparani gurune. Gurune kepengin weruh geneya kok Bejo ora mlebu telung dina tanpa katrangan. Ana ing omahe Bejo, Pak Guru banjur diterangke larah-larahe Bejo ora mlebu sekolah.
“Lha jane cukur sing kepriye sing mbok karepake ta Jo?” pitakone pak guru marang Bejo. Nanging Bejo ora mangsuli. Sing mangsuli Simbokne karo mesem, “Kepengin kaya sing ing TV punika Pak.”
“Wis ngene wae Jo, coba ngaca dhisik kana,” ature Pak Guru. Bejo banjur ngaca. “Coba, kowe tambah bagus ta Jo,” sambunge Pak Guru.
“Cukur modhel kaya ing TV kae ya oleh-oleh wae, nanging kaya ngana kae disawang ora patut Jo. Kaya dudu cah sekolahan wae cukurane ora karuwan kaya mangkono. Cukur kaya kowe ngono kuwi malah sing rapi, katon patut,” ature Pak Guru marang Bejo.
Bejo ngaca karo ngrungokake ngendikane pak gurune sinambi ngguya-ngguyu nyawang dheweke ana ing kaca, sing miturut ngendikane pak guru tambah bagus.
Let sedhela Bejo ngomong marang pak guru lan Simbokne, manawa dheweke sesuk gelem sekolah maneh. Ora preduli manawa diguyu karo kanca-kancane ana ing sekolahan. Krungu kaya mangkono Simbok atine lega, anake wis gelem sekolah maneh. Pak Guru katon bungah ngreti muride gelem sekolah.

Kapetik saking : LKS Kawuryan SMA/MA/SMK
Kelas XI Semester 2 Tahun Pelajaran 2016/2017

Unsur intrinsik kuncung ora gelem sekulah, bisa tolong di tuliskan?
BalasHapus