Jumat, 26 Mei 2017

Sesorah

Sesorah utawa pidhato utawa tanggap wacana ya iku njlentrehaké idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapaké marang wong akéh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku werna- werna, ana kang tujuane kanggo menéhi hiburan, menéhi informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokaké supaya nindaki apa kang dikarepaké pemicara.
Sampun kawuningan, bilih nindakaken ayahan minangka pranatacara tuwin pamedhar sabda utawi sesorah menika dados punjering kawigatosan. Supados nengsemaken ing samudayanioun, pramila kedah nggatosaken:
1.      Busana (Ageman)
Anggenipun ngadi busana kajumbuhna kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi. Umpaminipun wonten ing pahargyan penganten, langkung prayogi ngagem busana kejawen jamgkep. Ewa semanten mgagem busana sanesipun inggih boten lepat bokbilih kepanggih “kok ngijeni”. Nanging inggih tansah agatosna bab trapsilaning ngrasuk busana.
2.      Subasaita (Trapsila, Tata Krami)
Trapsila ingkang kirang ugi badhe ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang nengsemaken. Solah bowa sampun ngantos kadamel-damel, prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, manteb, nanging mboten kaken.
3.      Swara (Vokal, Basa Populer)
Kedaling lesan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan inggih mekatan ugi, kaudia saged mbedak-mbedakaken swantening tembung-tembung inkang medal kanthi cetho. Kados pundhi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kesesa, nanging ugi sampun ngantos nglentreh sanget.
4.      Basa Tuwin Sastra
Ngudia tambahing seserapan ing babagan basa tuwin sastra, jalaran menika mujudaken kabetahan baku tumpraping pranatacra saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunanging sastra ingkang leres. Pamilihing tembung ingkang salajengipun dipunronce ukuran ingkang trep, luwes, sae, wasana sekeca kapirangaken. Manggihi jaman menika, prayogi ngagem tembung-tembung ingkang prasaja kemawon. Ringkesanipun basa ingkang komunikatif menika basa ingang kedah angengeti:
1)      Sinten ingkang gineman
2)      Sinten ingkang dipunajak gineman
3)      Dinten ingkang dipun ginem
4)      Swasana nalikanipun gineman
5)      Sami mangertosi ingkang dipunginemi.
                                                                                                
Pranatacara utawi pamedar sabda kedah nggatosaken perkawis-perkawis ingkang kedah dipun gatosaken tuwin perkawis-perkawis ingkang kirang mranani ingkang midhanget. Perkawis-perkawis ingkang kedah dipun gatoskaen inggih punika:
1)      Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jobin, percaya diri.
2)      Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarikm namung sampun katingal kaku.
3)      Polatan katingal sumeh, namung mboten katingal kadamel-damel.
4)      Mriksani dhumateng para pamirsa kanthi trapsila.
5)      Penggalih dipunsarehaken, supados suwanten mboten kepireng ndredheg.
6)      Wiramaning wicara ingkang cetha sarta kajumbuhaken kaliyan kawontenan.
7)      Suwanten mboten perlu sora,ingkang cekapan ananging wijang.
8)      Ngagem basa ingkang alus, ananging mboten perlu basa ingkang muluk-muluk, supados gampil dipunsuraos dening ingkang midhangetaken.
9)      Pangandikan mboten perlu muter-muter, ingkang cekak, ananging saged nyakup punapa-punapa ingkang badhe dipunkajengaken.

Rantamaning sesorah, antawisipun:
1)      Salam pambuka
2)      Purwaka inggih menika ngunjukaken puja-puji marang ngarsanipun Gusti saha atur panuwun marang para rawuh sarta ingkang mbiyantu lampahing adicara.
3)      Surasaning basa/ isi/ wos sesorah inggih menika uderaning bab ingkang dipunwedharaken.
4)      Dudutan/ simpulan inggih menika inti sarining wedharan.
5)      Wasana inggih menika atur panuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakaken jejibahan.

Jinisipun pidhato utawi sesorah saged kabentenakan dados warni sekawan:
1)      Sesorah Kanthi Cara (Model) Apalan
Sakderengioun sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken  tembung ngantos ukaranipun presis kaliyan cathetan. Dados mboten mawi utawii wonten pamanggih-pamanggih enggal, amargi sampun kapurba dening cathetan, cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.
2)      Sesorah Kanthi Cara (Model) Naskah Utawi Teks
Juru pamedar sabda saestu bekta naskah, teks utawi cathetan pidhato lajeng dipun waos sawetahipun, boten dipunapalaken. Cara menika asring dipungunakaken dening pejabat utawi punggawaning negeri, mliginipun ing upacara-upacara resmi.
3)      Sesorah Kanthi Cara (Model) Dadakan Utawi Impromtu
Cara pidhato mboten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara menika lajeng di[unaturi sesorah. Piyantunipun kedah ingkang sampun beken lan padatan kersa medhar sabda. Cara menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman saha seserepanipun.
4)      Sesorah Kanthi Cara (Model) Eksemporan
Juru pamedar sabda ngasta utawi damel cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut ututaning ingkang badhe dipun ngendikakaken. Cathetan wau namung wos0wos utawi garis ageng ingkang badhe dipun aturaken kemawon, ing salajengipun samangke badhe dipun ngrembakaken kanthi pemanggih-pemanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana nalikanipun saweg pidhato.




Conto Sesorah Dinten Sumpah Pemuda

Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Allah ingkang maha welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula saha panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau wonten ing pawiyatan kita menika.
Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kedadosan sakral ingkang nedahaken dhateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.
Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:
1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air Indonesia
2.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
3.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia
Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera. Kita minangka siswa nggadahi jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau.  Minangka pemuda kita ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi pambangunanipun bangsa.
Menika ingkang saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda.  Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.


Kapetik saking : LKS Kawuryan SMA/MA/SMK Kelas XI Semester 2 Tahun Pelajaran 2016/2017

Cerkak

Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘cerkak’, punika salah setunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cerkak inggih punika ringke saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing kasusastran fiksi ingkang langkung panjang, kados dene Novella (kanthi teges modhern) saha novel. Amargi cekakipun cerkak-cerkak ingkang sukses ngendelaken teknik-teknik sastra kados dene tokoh, plot, tema, basa saha insight kanthi langkung wiyar tinimbang karya fiksi ingkang langkung panjang.
Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik inggih punika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak.
1.    Tema inggih punika underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken undering cariyos.
2.    Latar (setting) inggih punika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebeting cerkak. Latar punika kaperang dados tiga, yaiku latar papan, latar wekdal, lan latar kawontenan.
3.    Alur (plot) inggih punika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos. Alur  kaperang dados tiga, inggih punika:
a.    Alur maju : reroncening kedadosan ingkang urutanipun manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng.
b.    Alur mundur : reroncening kedadosan ingkang urutan kadadosanipun boten miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyosipun ingkang  lampahipun mundur.
c.    Alur campuran : campuran antawisipun alur maju kalian alur mundur.
4.    Watak inggih punika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos.
5.    Nilai (amanat)/ piwulang luhur inggih punika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng soksintena ingkang purun maos cariyos dening penyerat.
6.    Cara penyerat nyariosaken (sudut pandang / point of view) inggih punika kalenggahanipun penyerat rikala nyariyosaken.
a.    Minangka tiyang ingkang kapisan, penyerat ndherek minangka paraga ing cariyos ingkang kacariyosaken.
b.    Minangka tiyang ingkang katiga, panyerat minangka dhalang ing cariyosipun.
7.    Gaya bahasa / lelewaning basa.
Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik inggih punika unsure-unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos, ananging gadhah pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos punika.
1.    Nilai-nilai ing salebetipun cariyos (agami, budaya, politik, ekonomi)
2.    Latar belakang gesangipun pangganggit.
3.    Kahanan sosial rikala cariyos punika dipundamel.


 Conto cerkak:
Kucung Ora Gelem Sekolah
Sawijining dina, ana mbok randha kang duwe anak cilik kelas 2 SD arane Bejo. Ing dina Senen awan sawise Bejo mulih saka sekolah, katon rambute pating cowek gara-gara dicukur gurune ana ing sekolahan amarga rambute Bejo gondrong, wis nutupi kupinge.
Sawise teka ngomah, Bejo katon sedhih. Amarga ing sekolahan padha diguyu kanca-kancane. Bareng mbokne Bejo weruh rambute anake pating cowek, banjur nimbali Bejo, “kowe kok katon sedhih lan rambutmu kaya mangkono ki geneya ta Le,” takone Simbok marang Bejo.
Bejo ora semaur karo pitakone Simbok. “Ndang maem, mengko Simbok cukurne menyang nggone Mas Kancil,” ngendikane Simbok menyang Bejo, supaya ora katon sedhih maneh. Sinambi maem Bejo ngomong menyang Simbokne, dheweke kepengin cukur model kipli supaya bisa padha karo kanca-kancane.
“Ya Le, Simbok nyarah karo kowe,” jawabe Simbok menyang Bejo.
Sabubare mangan, Bejo lan Simbok mangkat menyang nggone Mas Kancil kang mapane rada adoh saka omahe Bejo. Ndilalah tekan nggone, antrine akeh banget. Nalika ngenteni giliran, Bejo keturon ing pangkone mbokne. Bareng tekan gilirane, Bejo isih turu. Setengahe isih turu, Bejo banjur dicukur karo dipangku mbokne.
“Bejo dicukur model piye Mbok?” takone Mas Kancil menyang Simbok.
Wangsule Simbok, “Nyarah Mas, sing penting ora pating cowek kaya ngene iki. Penting rapi wae Mas,” sambunge Simbok karo ngelus-elus sirahe Bejo sing pating cowek.
“Rambute Bejo kok kaya ngene Mbok, kena apa iki?” takone Mas Kancil karo mesem.
“Dicukur gurune ing sekolahan,” jawabe Simbok. Mas Kancil anyak nyukur rambute Bejo. Bareng Simbokne ngadeg saka kursi sing kanggo cukur, Bejo nglilir lan ngelus-elus sirahe sing wis ora gondrong maneh. Bareng Bejo ngaca ing kacane Mas Kancil, Bejo mbengok banter amarga nyawang cukurane kang ora padha karo sing dikarepake Bejo. Wong sing padha antri arep cukur padha kaget krungu jeritane Bejo. Bejo banjur nangis ora ketulungan, karo ngakon Mas Kancil mbalekake rambute maneh.
Sawise mbayar ongkos cukur, Bejo digendhong mulih mboke. Neng dalan, Bejo tetep nangis kekejer. Simbokne banjur ngandhani Bejo supaya ora nangis terus. Amarga ana ing dalan saben wong sing ngerti Bejo nangis mesthi takon kena apa Bejo kok nangis. Salah sawijine pawongan tuwa, sing takon marang Simbokne Bejo. “Kena ngapa ta Dhe, Bejo kok nangis kekejer ki? ” Karo mesem Simbok mangsuli, “Iki lho Mbah rambute sing gondrong kae ilang.”
“Meneng-meneng Le, malih bagus rambute sing gondrong kae dicukur. Rene mampir dakwenehi gethuk,” sambunge Mbah Karto, tanggane Bejo. Nanging Bejo ora nggagas, gur gela-gelo ana ing gendhongane Simbokne karo nangis.
Satekane omah, Bejo langsung uwal saka gendhongane Simbok, nesu mapan turu. Sabubare tangi turu Bejo linggih ana ing kursi ngarep omah sinambi ngalamun lan ngelus-elus rambute sing kuncung. Simbokne banjur nyedhaki Bejo. Sawise Simbok linggih ana jejere Bejo, Bejo banjur ngomong menyang Simbok, manawa dheweke sesuk ora gelem mlebu sekolah, amarga Bejo isin manawa diisin-isin kancane ing sekolahan. Krungu Bejo ngomong koyo mangkono Simbok kaget. Gara-gara olehe cukur ora kebeneran wae anake ora gelem sekolah. Simbok banjur ngandhani Bejo supaya gelem sekolah, nanging wis dikandhani Simbok, tetep wae Bejo ora gelem sekolah.
Ing wayah esuk kancane padha mangkat sekolah liwat ngarep omahe Bejo. Simbok banjur nyedhaki Bejo ngakon supaya gelem mangkat sekolah. Nanging Bejo malah krubutan kemul ora nggagas guneme Simbokne.
Sawetara ora mlebu sekolah telung dina, Bejo diparani gurune. Gurune kepengin weruh geneya kok Bejo ora mlebu telung dina tanpa katrangan. Ana ing omahe Bejo, Pak Guru banjur diterangke larah-larahe Bejo ora mlebu sekolah.
“Lha jane cukur sing kepriye sing mbok karepake ta Jo?” pitakone pak guru marang Bejo. Nanging Bejo ora mangsuli. Sing mangsuli Simbokne karo mesem, “Kepengin kaya sing ing TV punika Pak.”
“Wis ngene wae Jo, coba ngaca dhisik kana,” ature Pak Guru. Bejo banjur ngaca. “Coba, kowe tambah bagus ta Jo,” sambunge Pak Guru.
“Cukur modhel kaya ing TV kae ya oleh-oleh wae, nanging kaya ngana kae disawang ora patut Jo. Kaya dudu cah sekolahan wae cukurane ora karuwan kaya mangkono. Cukur kaya kowe ngono kuwi malah sing rapi, katon patut,” ature Pak Guru marang Bejo.
Bejo ngaca karo ngrungokake ngendikane pak gurune sinambi ngguya-ngguyu nyawang dheweke ana ing kaca, sing miturut ngendikane pak guru tambah bagus.
Let sedhela Bejo ngomong marang pak guru lan Simbokne, manawa dheweke sesuk gelem sekolah maneh. Ora preduli manawa diguyu karo kanca-kancane ana ing sekolahan. Krungu kaya mangkono Simbok atine lega, anake wis gelem sekolah maneh. Pak Guru katon bungah ngreti muride gelem sekolah.

Kapetik saking : LKS Kawuryan SMA/MA/SMK Kelas XI Semester 2 Tahun Pelajaran 2016/2017


Kamis, 25 Mei 2017

Kawruh Budaya Gamelan Karawitan

Gamelan miturut Baoesastra Djawa W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kang rericikane akeh banget (saron, bonang, gong, lsp). Bahan sing biasane dianggo nggawe gamelan arup Perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), kuningan saha Barut (wesi lan plat). Gamelan iku salah sijining jinis utawa corak musik kang urip ing tlatah Jawa Tengah lan Yogyakarta. Musik gamelan Jawa iki beda kaliyan musik gamelan saka daerah liya amargi gamelan Jawa menika umume nduweni nada luwih lembut lan nganggo tempo luwih alon, beda karo music gamelan Bali sing tempone luwih cepet, uga gamelan Sundha sing musike mendayu-dayu lan didominasi swara suling. Amarga iku, Gamelan Jawa iku uga kasebut pentatonis. Saprangkat gamelan komplit iku nduwe 2 laras inggih punika Gamelan Slendro lan Gamelan Pelog. Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana nada 4 (papat/pat) karo 7 (pitu/pi). Laras slendro nduwe 5 nada (1 2 3 5 6). Dene laras pelog iku nduwe 7 nada (1 2 3 4 5 6 7).

Laras inggih punika swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada, sistemnada/tonalsystem. Laras Slendro (Sl.) ateges sistem nada kang manut cendhek-dhuwure lan interval saka gamelan slendro, semono uga laras pelog (Pl.). titi Laras inggih punika notasi nada kang ditulis manut sistemnada laras lan pathete. Pathet (Pt.) inggih punika ukura endhek-dhuwure laras, minangka wates wilayah nada.

Instrumen Gamelan Jawa utawa prabot gamelan sing diwastani ricikan nduwe aturan-aturan kang pakem, antarane saben piranti nduwe fungsi dhewe-dhewe, kayata kang murba lagu (rebab, gender, bonang, suling, gambang), kangmangku lagu (celempung, siter lan balungan (slenthem lan saron)), kang murba irama (kendhang, bedhug, dhodhogan) lan kang mangku irama (kempul, gong, kethuk, kenong, kempyang, kemanak, kecer). Ing ngisor iki andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan, lan cara nabuh gamelan:
1.       Wujud Tebokan
Ricikan kang wujud tebokan kayadene Bedhung, Kendhang, Ketipung, Tambur. Cara nabuhe dithuthuk (bedhug lan tambur), dikebuk / keplak / tabok (kendhang). Kendhang iku piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji (dikebuk). Swara kendhang umume inggih punika: dlang, dlong, dhah, dheng/nggen, thung, ket, tong, lan tak. Wujude kendhang inggih punika:
a.       Kendhang gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane.
b.      Kendhang ketipung utawa ketipung iku kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur dibandhing kendhang liyane.biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng.
c.       Kendhang batangan utawa kendhang ciblon iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing kendhang ageng lan kendhang sabet. Biasane ditabuh kanggo ngiringi tari/joged lan gendhing.
d.      Kendhang wayangan utawa kendhang sabet/kosek iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing ciblon. Biasane ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang.

2.       Wujud Wilahan
Gamelan sing wujude wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Saron Demung, Saron, Peking. Carane nabuhe dithuthuk.
a.       Gender iku perangkat gamelan Jawa kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/silinder kang fungsine kanggo ngatur gema swarane.
b.      Slenthem iku kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane (saron).
c.       Gambang wujude meh padha saron ning luwih gedhe tur dawa. Wilahane digawe saka kayu.
d.      Saron iku prangkat gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu. Ana 3 jinis saron inggih punika : Saron demung, Sarong barung, lan Saron panerus/peking.
Saron demung iku jinis saron kang paling gedhe ukurane.
Saron Barung ikubprangkat gamelan jinis saron tengah-tengah inggih punika antarane peking lan demung.
Saron penerus/Peking iku jinis saron kang paling cilik.

3.       Wujud Wilahan Pencon
Gamelan sing wujude Wilahan Pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhe dithuthuk.
Kecer inggih punika perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane. Kecer iku biasane ditabuh kanggo ngiringi lelagon dolanan ing pagelaran karawitan.

4.       Wujud Pencon
Gamelan sing wujude pencon inggih menika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuhe dithuthuk, jagur.
a.       Bonang iku salah sawijining perangkat gamelan kang wujude arupa pencon.
b.      Kethuk lan kempyang iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo kenong lan bonang.
c.       Kenong iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo boning, kempyang, lan kethuk.
d.      Kempul iki biasane digantung kaya umume perangkat gong. Kempul ngasilake swara kang luwih duwur katimbang gong, kempul kang ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.
e.      Gong iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawe saka tosan, lan nduwe ukuran kang gedhe dhewe. Gong biasane dipapanke ing mburi dhewe lan digantung ing gayor kang digawe saka kayu ukuran gedhe.

5.       Wujud Kawatan
Gamelan sing wujude kawatan inggih punika Rebab, Siter lan Clempung. Cara nabuh rebab menika digesek, dene siter lan clempung menika dipethik/cuwik.
a.       Rebab iku wujuding perangkat gamelan kang cara nabuhe dikosok (gesek). Gunane kangguu murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggu mbukani gendhing.
b.      Celempung iku piranti gamelan kang nabuhe dipetik padha karo siter.
c.       Siter
6.       Wujud Pipa
Gamelan sing wujude pipa inggih menika Suling lan Kemanak.
a.       Suling iku kalebu piranti kang disebul, fungsine kanggo variasi melodi.
b.      Kemanak inggih punika perangkat gamelan kang wujude memper gendhang. Kemanak iku biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.


Kapetik saking : LKS Kawuryan SMA/MA/SMK Kelas XI Semester 2 Tahun Pelajaran 2016/2017

Disnakertrans Badhe Mbidhalaken TKI dhateng Malaysia (Pawartos)

Senin, 30 Januari 2017
Kulon Progo, www.jogjatv.tv – Dinas Tenaga Kerja dan Transmigrasi – Disnakertrans Kulon Progo, suka kalodhangan dhateng Warga Kulon Progo kangge makarya dhateng Malaysia. Disnakertrans badhe mbidhalaken 34 TKI kangge makarya dhateng PT Samsung Elektronik, Selangor, Malaysia.

34 Tenaga Kerja Indonesia (TKI) inggih 5 wanita lan  29 priya, warga  saking  Kecamatan Panjatan, Galur, Wates, Sentolo, Pengasih lan Kokap, lolos seleksi penerimaan kerja ing Selangor,Malaysia. Saderengipun, 34 calon tenaga karya punika, tumut  maneka rambahan seleksi, antawisipun test administrasi, kesehatan lan keterampilan ingkang dipun tindakaken dening Dinas Ketenagakerjaan dan Transmigrasi Kulon Progo.

Kepala Dinas Ketenagakerjaan dan Transmigrasi Kulon Progo, Eko Wisnu Wardhana mratelakaken, maneka kupiya dipun tindakaken dening Disnakertrans kangge nyuda angka pengangguran antawisipun kanthi memitran kaliyan perusahaan ing Kulon Progo lan ngamanca.

Penjabat Bupati Kulon Progo , Budi Antono mratelakaken,  Disnakertrans  Kulon Progo mbidhalaken  34 calon TKI dhateng Malaysia. Pangajabipun patembayatan kados makaten saya supeket, kanthi nyawisaken calon tenaga karya ingkang mumpuni.

Kanthi patembayatanipun Disnakertrans Kulon Progo lan BP3TKI DIY, Kulon Progo kasembadan nyuda angka pengangguran. Miturut data ing taun 2015, calon TKI ingkang dipun bidhalaken wonten 8.966 dene ing 2016 wonten 2.887.

34 calon TKI,badhe dipun bidhalaken dhateng  Malaysia ing tengahing wulan Febuari 2017. ( Rida junyanto )

Minggu, 08 Maret 2015

Gadget


Apasih gadget itu?
A gadget is a smalltechnological object (such as a device or an appliance) that has a particular function, but is often thought of as a novelty. Gadgets are invariably considered to be more unusually or cleverly designed than normal technology at the time of their invention. Gadgets are sometimes also referred to as gizmos. (Wikipedia.com)

Gadget adalah sebuah istilah yang berasal dari bahasa Inggris, yang artinya perangkat elektronik kecil yang memiliki fungsi khusus. Dalam bahasa Indonesia, gadget disebut sebagai “acang”. Salah satu hal yang membedakan gadget dengan perangkat elektronik lainnya adalah unsur “kebaruan”. Artinya, dari hari ke hari gadget selalu muncul dengan menyajikan teknologi terbaru yang membuat hidup manusia menjadi lebih praktis.

Contoh gadget di antaranya smartphone seperti iphone dan blackberry, serta netbook (perpaduan antara komputer portabel seperti notebook dan internet).

Gadget untuk Akses Internet
Salah satu fitur terkenal dan paling menarik dari gadget adalah internet. “Siswa dapat dengan mudah mencari informasi apa pun untuk tugas-tugas sekolah di internet,” ujar Kak Daniel Kusnadi, mahasiswa Teknik Informatika dan salah satu pembicara di diskusi tersebut. Dalam diskusi tersebut, praktisi TI, Bapak Bambang Juwono memberikan contoh situs yang berguna untuk menambah wawasan kita, di antaranya stumbleupon.com dan thinkquest.org. Selain memperkaya wawasan, dengan gadget yang menyediakan akses internet, kita bisa memperluas persahabatan melalui situs jejaring sosial seperti facebook, twitter atau multiply.

Efek Negatif Gadget
Walau memberi begitu banyak keuntungan bagi pemakainya, jika tidak bijak dalam menggunakannya, gadget bisa memberi kerugian. Salah satunya, ketidakmampuan untuk hidup sendiri. “Coba saja, hampir tiap saat para pengguna facebook ingin bercerita tentang hidupnya kepada orang lain lewat update status,” ujar seorang rohaniawan, Romo Deshi Ramadhani, SJ. 

Kemudahan akses internet lewat gadget juga membuat kita semakin mudah dan cepat mendapat apa yang kita mau. “Akibatnya, anak-anak menjadi malas, tidak mau berusaha, dan tidak tahan banting,” begitu jelas psikolog anak dan remaja, Ibu Ratih Ibrahim.
Gadget memang bisa memudahkan hidup kita, namun kita perlu membatasi waktu penggunaannya sehingga tidak mengganggu waktu berharga bersama keluarga dan sahabat. Selain itu, akseslah situs-situs yang memang bermanfaat dan membuat kita semakin cerdas!
(artikelbagus.com)



 
Omah Djawa Blogger Template by Ipietoon Blogger Template