Kamis, 25 Mei 2017

Kawruh Budaya Gamelan Karawitan

Gamelan miturut Baoesastra Djawa W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kang rericikane akeh banget (saron, bonang, gong, lsp). Bahan sing biasane dianggo nggawe gamelan arup Perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), kuningan saha Barut (wesi lan plat). Gamelan iku salah sijining jinis utawa corak musik kang urip ing tlatah Jawa Tengah lan Yogyakarta. Musik gamelan Jawa iki beda kaliyan musik gamelan saka daerah liya amargi gamelan Jawa menika umume nduweni nada luwih lembut lan nganggo tempo luwih alon, beda karo music gamelan Bali sing tempone luwih cepet, uga gamelan Sundha sing musike mendayu-dayu lan didominasi swara suling. Amarga iku, Gamelan Jawa iku uga kasebut pentatonis. Saprangkat gamelan komplit iku nduwe 2 laras inggih punika Gamelan Slendro lan Gamelan Pelog. Laras slendro beda karo pelog, ing slendro ora ana nada 4 (papat/pat) karo 7 (pitu/pi). Laras slendro nduwe 5 nada (1 2 3 5 6). Dene laras pelog iku nduwe 7 nada (1 2 3 4 5 6 7).

Laras inggih punika swara kang ajeg dhuwure, ora owah, kasebut uga nada, sistemnada/tonalsystem. Laras Slendro (Sl.) ateges sistem nada kang manut cendhek-dhuwure lan interval saka gamelan slendro, semono uga laras pelog (Pl.). titi Laras inggih punika notasi nada kang ditulis manut sistemnada laras lan pathete. Pathet (Pt.) inggih punika ukura endhek-dhuwure laras, minangka wates wilayah nada.

Instrumen Gamelan Jawa utawa prabot gamelan sing diwastani ricikan nduwe aturan-aturan kang pakem, antarane saben piranti nduwe fungsi dhewe-dhewe, kayata kang murba lagu (rebab, gender, bonang, suling, gambang), kangmangku lagu (celempung, siter lan balungan (slenthem lan saron)), kang murba irama (kendhang, bedhug, dhodhogan) lan kang mangku irama (kempul, gong, kethuk, kenong, kempyang, kemanak, kecer). Ing ngisor iki andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan, lan cara nabuh gamelan:
1.       Wujud Tebokan
Ricikan kang wujud tebokan kayadene Bedhung, Kendhang, Ketipung, Tambur. Cara nabuhe dithuthuk (bedhug lan tambur), dikebuk / keplak / tabok (kendhang). Kendhang iku piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji (dikebuk). Swara kendhang umume inggih punika: dlang, dlong, dhah, dheng/nggen, thung, ket, tong, lan tak. Wujude kendhang inggih punika:
a.       Kendhang gendhing utawa kendhang ageng iku kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane.
b.      Kendhang ketipung utawa ketipung iku kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara paling dhuwur dibandhing kendhang liyane.biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng.
c.       Kendhang batangan utawa kendhang ciblon iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing kendhang ageng lan kendhang sabet. Biasane ditabuh kanggo ngiringi tari/joged lan gendhing.
d.      Kendhang wayangan utawa kendhang sabet/kosek iku kendhang sing nduwe ukuran sedheng, luwih cilik sithik dibandhing ciblon. Biasane ditabuh kanggo ngiringi pagelaran wayang.

2.       Wujud Wilahan
Gamelan sing wujude wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Saron Demung, Saron, Peking. Carane nabuhe dithuthuk.
a.       Gender iku perangkat gamelan Jawa kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/silinder kang fungsine kanggo ngatur gema swarane.
b.      Slenthem iku kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane (saron).
c.       Gambang wujude meh padha saron ning luwih gedhe tur dawa. Wilahane digawe saka kayu.
d.      Saron iku prangkat gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu. Ana 3 jinis saron inggih punika : Saron demung, Sarong barung, lan Saron panerus/peking.
Saron demung iku jinis saron kang paling gedhe ukurane.
Saron Barung ikubprangkat gamelan jinis saron tengah-tengah inggih punika antarane peking lan demung.
Saron penerus/Peking iku jinis saron kang paling cilik.

3.       Wujud Wilahan Pencon
Gamelan sing wujude Wilahan Pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhe dithuthuk.
Kecer inggih punika perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane. Kecer iku biasane ditabuh kanggo ngiringi lelagon dolanan ing pagelaran karawitan.

4.       Wujud Pencon
Gamelan sing wujude pencon inggih menika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuhe dithuthuk, jagur.
a.       Bonang iku salah sawijining perangkat gamelan kang wujude arupa pencon.
b.      Kethuk lan kempyang iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo kenong lan bonang.
c.       Kenong iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane mirip karo boning, kempyang, lan kethuk.
d.      Kempul iki biasane digantung kaya umume perangkat gong. Kempul ngasilake swara kang luwih duwur katimbang gong, kempul kang ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.
e.      Gong iku piranti gamelan Jawa kang ditabuh, digawe saka tosan, lan nduwe ukuran kang gedhe dhewe. Gong biasane dipapanke ing mburi dhewe lan digantung ing gayor kang digawe saka kayu ukuran gedhe.

5.       Wujud Kawatan
Gamelan sing wujude kawatan inggih punika Rebab, Siter lan Clempung. Cara nabuh rebab menika digesek, dene siter lan clempung menika dipethik/cuwik.
a.       Rebab iku wujuding perangkat gamelan kang cara nabuhe dikosok (gesek). Gunane kangguu murba lagu, gawe variasi lagu, lan uga kanggu mbukani gendhing.
b.      Celempung iku piranti gamelan kang nabuhe dipetik padha karo siter.
c.       Siter
6.       Wujud Pipa
Gamelan sing wujude pipa inggih menika Suling lan Kemanak.
a.       Suling iku kalebu piranti kang disebul, fungsine kanggo variasi melodi.
b.      Kemanak inggih punika perangkat gamelan kang wujude memper gendhang. Kemanak iku biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.


Kapetik saking : LKS Kawuryan SMA/MA/SMK Kelas XI Semester 2 Tahun Pelajaran 2016/2017

0 komentar:

Posting Komentar

 
Omah Djawa Blogger Template by Ipietoon Blogger Template