Senin, 30 Januari 2017
Kulon Progo, www.jogjatv.tv – Dinas Tenaga
Kerja dan Transmigrasi – Disnakertrans Kulon Progo, suka kalodhangan dhateng
Warga Kulon Progo kangge makarya dhateng Malaysia. Disnakertrans badhe
mbidhalaken 34 TKI kangge makarya dhateng PT Samsung Elektronik, Selangor, Malaysia.
34 Tenaga Kerja Indonesia (TKI) inggih 5
wanita lan 29 priya, warga saking
Kecamatan Panjatan, Galur, Wates, Sentolo, Pengasih lan Kokap, lolos
seleksi penerimaan kerja ing Selangor,Malaysia. Saderengipun, 34 calon tenaga
karya punika, tumut maneka rambahan
seleksi, antawisipun test administrasi, kesehatan lan keterampilan ingkang
dipun tindakaken dening Dinas Ketenagakerjaan dan Transmigrasi Kulon Progo.
Kepala Dinas Ketenagakerjaan dan Transmigrasi
Kulon Progo, Eko Wisnu Wardhana mratelakaken, maneka kupiya dipun tindakaken
dening Disnakertrans kangge nyuda angka pengangguran antawisipun kanthi
memitran kaliyan perusahaan ing Kulon Progo lan ngamanca.
Penjabat Bupati Kulon Progo , Budi Antono
mratelakaken, Disnakertrans Kulon Progo mbidhalaken 34 calon TKI dhateng Malaysia. Pangajabipun
patembayatan kados makaten saya supeket, kanthi nyawisaken calon tenaga karya
ingkang mumpuni.
Kanthi patembayatanipun Disnakertrans Kulon
Progo lan BP3TKI DIY, Kulon Progo kasembadan nyuda angka pengangguran. Miturut
data ing taun 2015, calon TKI ingkang dipun bidhalaken wonten 8.966 dene ing
2016 wonten 2.887.
34 calon TKI,badhe dipun bidhalaken
dhateng Malaysia ing tengahing wulan
Febuari 2017. ( Rida junyanto )

0 komentar:
Posting Komentar